Aja turu sore kaki
Ono dewa nglanglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga katulak
Sandang kalawan pangan
Ya iku bageyan ipun
Wong melek sabar narimo
Ingkang bisa nemu iki
Nora saben sok uwong
Kudu ono pilihane
Kang weruh lakune jaman
Eling kanthi waspada
Ttindhak luwajuh lan jujur
Ingkang antuk kamurahan
A wyo sira banjur wedi
Samar nora panduman
Eling-o marang kodrat-e
Pangeran luwih kuwasa
Adil tampa upama
Sapa ngestok-ena dhawuh
Sayekti antuk nugraha
Nugraha nira Hyang widhi
Tan kena kinira-nira
Marga sewu dedalane
Yogya den sabar darana
Ojo keseso-sesa
Grusa-grusu narung binuh
Ngusak-e tancep-ing tekad
Nugraha nira Hyang Widhi
Ingkang katrap ing kawula
Waras seneng sak murwate
Drajat nama wang barang
Ngelmu tuwin kawignyan
Jurung wars seneng-ipun
Nugraha kurang utama